SYAIR (ALMR) KH. ABDURRAHMAN WAHID

 

Adapun syair dari Gus Dur yang menurut saya mendamaikan hati kita adalah sebagai berikut :
Ngawiti Ingsun Nglaras Siiran
Kelawan Muji Maring Pangeran
Kang Paring Rahmat Lan Kenikmatan
Rina Weningine Tanpa Pitungan X 2
Duh Bolo Kanca Priya Wanito
Ojo Mung Ngaji Syareat Bloko
Gur Pinter Ndongeng Nulis Lan Maca
Tembe Mburine Bakal Sangsara X 2
Akeh Kang Apal Quran Haditse
Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dhewe Dak Digatekke
Yen Isih Kotor Ati Akale X 2
Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro
Ing Pepaese Gebyare Donya
Iri Lan Meri Sugihe Tangga
Mula Atine Peteng Lan Nista X 2
Ayo Sedulur Jo Nglaleake
Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Nggo Ngandelake Iman Taukhide
Baguse Sangu Mulya Matine X 2
Kang Aran Soleh Bagus Atine
Kerono Mapan Sari Ngilmune
Laku Torekot Lan Makrifate
Ugo Khakekot Manjing Rasane X 2
Alqur An Qodim Wahyu Minulyo
Tanpa Tinulis Iso Diwaca
Iku Wejangan Guru Waskito
Den Tancepake Ing Njero Dada X 2
Kumantil Ati …….. Lan Pikiran
Mrasuk Ing Badan Kabeh Jerohan
Mukjizat Rasul Dadi Pedoman
Minangka Dalan Manjinge Iman X 2
Kalawan Allah Kang Maha Suci
Kudu Rangkulan Rina Lan Wengi
Ditirakati Diriyadohi
Zikir Lan Suluk Jo Nganti Lali X 2
Uripe Ayem Rumangso Aman
Dununge Rasa Tanda Yen Iman
Sabar Narima Najan Pas-Pasan
Kaneb Tinakdir Saking Pengeran X 2
Kalawan Tangga Dulur Lan Kanca
Kang Padha Rukun Aja Daksiya
Iku Sunnahe Rosul Kang Mulya
Nabi Muhammad Panutan Kita X 2
Ayo Nglakoni Sekabehane
Allah Kang Bakal Ngangkat Drajate
Senajan Asor Tata Dohire
Ananging Mulya Maqom Drajate X 2
Lamun Palastra Ing Pungkasane
Ora Kesasar Roh Lan Sukmane
Den Ghadang Allah Suwargo Manggone
Utuh Mayite Uga Ulese X 2